Senin, 26 September 2011

Cerita Cekak

TIMUN EMAS

Kacarita, Mbok Randha Dhadhapan duwe anak pupon wedok, jenenge Timun Emas. Ing Desa Dhadhapan mau ana Buta Ijo irunge dawa, mula ya diarani Buta Irungdawa. Gunemane bindheng. Buta Irungdawa mau pengin banget mangan Timun Emas. Bareng kepergok kandha, “Imung Emah, Imung Emah, owe anuta ae, alep takangan.” Timun Emas mangsuli, “Buta Ijo, aku gelem kopangan, ning aku pekna pelem dhisik.”
“Iya, sing endi takeneke.”
“Kae lho.”
Buta Ijo banjur menek wit pelem sedhela-sedhela takon, “Imung Emah, sing endi?”
“Kae lho, dhuwure maneh.”
“Sing iki Imung Emah.”
“Dudu, munggaha maneh.”
Suwe-suwe olehe menek Buta Ijo tekan pencit. Timun Emas nuduhake pelem sing cedhak susuh ngarang. Bareng pelem disendhal, ngangrange ngebruki raine Buta Ijo kabeh. Irunge dikeroyok ngangrang.
Buta Ijo sambat-sambat, “Adhuh biyung, lalane ola kaluwan. Imung Emah apusi.”
Timun Emas mlayu mulih nyritakake kedadean mau marang embokne. Mbok Randha kandha, “Ngger, enake kowe mlayu bae. Ora wurung kowe mesthi bakal diuber-uber Buta Ijo. Enya, iki dakgawani tebu, uyah karo trasi. Yen kowe mengko dioyak, tebu iki buwangen, mengko rak banjur dadi alas tebu. Buta Ijo mesthi njur ketunkul mangan tebu, lali kowe. Lha, kowe terus mlayu. Yen Buta Ijo nututi maneh, uyah sebaren, mengko rak dadi banyu kimplah-kimplah. Sing keri dhewe trasi iki. Samangsa Buta Ijo cedhak kowe, trasi iki uncalna menyang ngarepe, mengko rak dadi embel. Wis ndang budhala, selak dioyak Buta Ijo. Ora liwat aku mung dongakake slamet.”
Timun Emas pamitan marang Mbok Randha, banjur budhal gegancangan. Buta Ijo nututi. Ora suwe Timun Emas wis katon. Buta Ijo celuk-celuk, “Imung Emah, mandheka, takangan!”
Meh bae ketututan, nanging Timun Emas enggal-enggal nguncalake tebune. Jleg, sanalika dadi alas tebu sing gedhe lan amba banget. Buta Ijo weruh tebu pirang-pirang, banjur dipangan nganti entek kabeh. Bareng wis entek, Buta Ijo kelingan burone. Timun Emas banjur ditututi maneh. Bareng wis cedhak, Buta Ijo celuk-celuk Timun Emas, “Imung Emah, Imung Emah, mandheka dhisik, takangan!” Timun Emas nyebar uyahe, sanalika dadi bengawan kang gedhe banget. Buta Ijo olehe nyabrang rekasa banget, nanging suwe-suwe ya tekan pinggir, banjur nututi Timun Emas. Bareng wis cedhak, Timun Emas ora sranta banjur nguncalake trasine. Sanalika dadi embel kang jembar banget. Buta Ijo nekad nrajang embel mau. Rekasa banget, lakune kepetel-petel, saya suwe saya ambles. Buta Ijo ora bisa obah, ora bisa polah, wekasa mati katutupan embel.
Timun Emas nerusake lakune. Wusanane tekan ing Jenggala, kapethuk karo Raden Putra. Bungahe ora karuwa, awit Timun Emas iku satemene garwane Raden Putra. Mbok Randha banjur ditimbali menyang Jemnggala, diparingi omah, sandhangan lan liya-liyane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar